Friday, November 13, 2009

Pare

Foto 1: Kembang Pare

Yen didelok soko kadohan, kembang pare iki ora ono apik-apike. Meh koyo kembang suket bioso sing warnane ijo. Kembang Pare iki jamane ketigo wingi akeh banget nang sawah Semengit, jalaran akeh poro Pak Tani sing "molowijo" nandur pare.
Padahal yen dimat-matke...kembang pare iki jan apik tenan, ayu lan ora mboseni. Yen ra percoyo...coba "pirsanono" foto kembang pare sing nang nduwur iku.


Emang sih...regane Pare ora pati larang alias lumayan murah, ananging yen ora dilakoni nandur yo sayang wektu ketigane. Sawah-sawah-e sing ora di"polowijo" cuman nganggur dadi "telo".


Yen miturut aku, nandur pare iku ora pati susah koyo nandur Semongko opo Lombok. Pertama-tama sawahe kudu dipaculi, trus bibite pare ditandur. Trus yen bibite wis tukul, mulai di rabuk (dipupuk) karo disirami. Mengko yen wis mulai ono "pentil-e", trus mulai disemptrot Pestisida ben ora diserang karo "lalat buah". Soale yen wis diserang karo lalat buah, Parene dadi "bosok" ra iso dipanen. Sing jelas yen podo bosok, pastine rugi.

Foto 2: Pentil Pare

Nah..yen wis gede siap panen, Pak Tani tinggal ngunduh trus didol nang pasar. Secara medis, pare ini apik gawe sing menderita tekanan darah tinggi. Kasiate iso secara bertahap "menurunkan tekanan darah tinggi".


Foto 3: Pare ne wis siap dipanen

E...aku kok dadi mbayangke sayur pare karo jeroan sapi trus nganggo lombok ijo.....iku masakan favoritku ket jamane cilik. Jan...mak nyus tenan. Opo maneh lawuhe "pentho kambil nom"

Ayo...konco-konco kabeh yen pas mulih Bagelen, ojo lali yen nang pasar tuku sayuran hasil soko sawahe pak Tani. Hal iki ben iso mbantu pak Tani....soale yen ra ono sing nukoni..mesakke to...

1 comment: