Wednesday, October 21, 2009

Tukang Pande Wesi Nang Pasar Krendetan

Rikolo jamane aku cilik mbiyen (saiki wis gede-tuo), aku sering dijak karo alm. simbahku (mbah Kasan Warjo) lungo pasar nang Pasar Krendetan "nda-ndakke" pacul. Jalarane pacule wis "kethul" mongko wis arep gawe labuh nang sawah.


Kelingan banget jamane semono, sing paling terkenal tukang pande-ne yo Mbah-mbah sing tak foto iki. Yen ora salah asmane mbah Kromo -Pripih. Gaweane apik, cepet tur yo regane murah. Mangkane mbah Kromo iki duwe langganane akeh. Mben dino pasaran (Rebo-Setu) pande-ne mbah Kromo mesti rame. Padahal yen dipikir-pikir mesti dadi tukang pande wesi iku kesel-le pol, opomaneh sing tukang "ngubub" alias "ndamu genine" nanggo alat. Sing tukang ngubub...iku iso sedino ngadek terus. Mestine yen aku yo pegel banget. Sing jelas ra tahan lah....

Nah saiki...jarak wektu meh 20 tahun, simbah Kromo isih tetap mande wesi. Trus juga asistene (sing tukang ngubub) ugo isih tetep (iki bapake Narto - Koncoku).
Wingi pas udunan, aku nyuwun nembung karo Mbah Kromo yen arep tak foto. Harapanku...ben konco-konco sing nang perantauan iso mirsani trus ugo iso ngelikake jamane mbiyen.

Moral Story :
Sing Gawe Urip (Allah SWT) wis njanjeake rejeki marang awake dewe kabeh. Ananging rejeki iku kudu digoleki/diusahake. Ora ono moro-moro mak brek tibo soko langit.

Mbah Kromo iki, yen menurut perkiraanku mesti umure wis punjul soko 70 tahun, nanging isih gesit kerjo golek duwit. Trus yen awake dewe sing mungkin umure setengahe opo sak protelune males-malesan le kerjo....njur opo ora isin.


Foto 1: Panase geni sing arep gawe mbakar wesi


Foto 2: Bapake Koncoku (mas Narto) isih ngubub (ndamu geni)

Foto 3: Wesine sik dibakar, arep digawe Arit po Bendo
Foto 4: Mbah Kromo sik njupuk wesi bakaran sing wis mongah-mongah (panas yo mbah)
Foto 5: Proses nggawe Arit/Bendo

Foto 6: Mbah Kromo lagi ngikir Arit/Bendo sing wis dadi ben landep.
Matur nuwun :
1. Mbah Kromo
2. Bapake Mas Narto - Karang Jati
Salam,
Naji,BA (Bagelen Asli)

No comments:

Post a Comment