Friday, January 16, 2009

Kelingan jamane mbiyen......

Rikolo jamane mbiyen....yo ngene iki sing tak lakoni. Ngarit, buruh macul nang sawah, buruh matun lan ugo buruh derep.
Foto-foto iki gawe kelingan aku....rikolo mbiyen lan ugo ngeliake ben awake dewe tansah bersyukur karo sing Gawe Urip amerga wis diparingi Rizky sing luwih lumayan dibandingke jamane susah mbiyen.
Saiki bayangno wae....nggarap sawah sak iring, iku yen parine metu banget olehe duwit sekita 1,5 juta. Dipotong ongkos lan gawe tuku pupuk sekitar 600 ewu. Artine bapak/simbok garek oleh turahane 900 ewu. Iku wae kudu nunggu 6 sasi. Padahal saiki UMP Bekasi wis Rp. 1.130.000,-. Ongkose tenogo sing kepanasan karo kudanan durung dietung.
Trus saiki yen buruh macul sedino cuman Rp. 20.000,- iku wae gawe rebutan alias akeh banget sing gelem. Mbiyen yen pas aku cuman Rp. 5.000,-










Jabat erat,
Naji BA



5 comments:

  1. 900 ewu dibagi 6 ketemune 150 ewu sesasi, nyatane tetep iso urip yo mas? Gusti adil tenan, aku mbiyen yo ngalami koyo ngono mas. Sing penting "Ora et labora" Gusti pasti maringi sopo wae sing nyuwun lan usaha. Amin

    ReplyDelete
  2. Kulo mantu wayah Bagelen nderek nimbrung lan pandongane kabeh,supoyo kahanan ing Bagelen tansah Adem Ayem lan Gemah Ripah Loh Jinawi

    ReplyDelete
  3. Nek Mulih Kampung Nang Bagelen Pancen Adem Ayem..
    Udaranya Suejuk Banget...
    Gelangane iku lhooo.. Ngangeni tenan...

    ReplyDelete
  4. Salam kagem sederek sedanten ingkang wonten Nggatep Bagelen

    ReplyDelete
  5. Wayah Bagelen Nggatep, rerimbunan pepohonan... semilireng angin.., heningnya suasana... membuat qt pengen pulang kampung teruuuss...!!!!

    ReplyDelete